TEMBANG MACAPAT
.Tembang Macapat utawa tembang cilik yaiku rakitane basa mawa paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokne nggango kagungan swara.. Tembang Macapat cacahe ana 11
. Contoh tembang macapat,yaiku:
PUCUNG
Murid iku wajib bekti lan mituhu
Pituturing dwija
Sabarang reh ngati-ati
Tata mulya urip tentrem lan raharja
waaahhh
BalasHapuspatut di ancungi jempol
ancUng'oNo tha_ chEp............
BalasHapusUDAN
BalasHapusUdan ing wayah wengi
Nggowo angin sing ngademke ati
Udan riwis-riwis ing tengah wengi
Tak kanthi lakumu tumekan ngendi
kenjeran_tugu pahlawan
BalasHapuswedhi putih kang tumemplek ing lathimu
sapa sing mesthi mbok antu,nimas
apa ombak kang isih sesautan sawdhuwuring layar banjur ing dhadhamu
kelakon pandhemen katresnan pacah dhek semon
kancaku
BalasHapuskowe yaiku wong kang apik banget
mesthi ngancani aku tiap wektu
ngrungokake kabeh cerita isi atiku
yaiku kanca sing iso ngerti aku
kunang-kunang
BalasHapuspancen endah yen sinawang cahyomu
pateng kemerlip
cahyomu kang biso nyinari peteng'e wengi
RENCANG KANG SEJATI
BalasHapusRencang sejati
Isa nglengkapi,
Isa nyemanggati,aka ampek sakiki
Kowe tetep neng ati iki
Krikil-krikil...
BalasHapusLumakumu ora ana sing bisa amangerteni....
Ngalor,Ngidul,Ngetan,Ngulon...Alon-alon...
Manut iline banyu kali
Menyang ngendi lumakumu, menyang endi tujuanmu...
Saiki jarakmu sansaya adoh
Ilineng banyu kali...
Ademe angin wengi..
Bebarengan ngeterke lungamu
Menyang segara sing ora ana batese..
KUPU-KUPU
BalasHapuskumleyang sak ben tamanku
mubang-mubeng ing nduwur kembang
ngincupi kembang kang lagi mekar
gawe taman katon endah
sekolahku
BalasHapusgedung kuno kukuh bakuh
cete putih memplek katon sumeblak
gapuro pideksa winangun joglo kuno
madhep ngidul dumunung pinggir sawah
plantarane jembar gilar gilar
tamane asri tinanduran kekembangan mekar
Nunggu tekamu
BalasHapusAti iki rasane koyo loro banget
Ngerti sliramu karo wadon liyan
Netes luh ing mata
Koyo-koyo sliramu gag ngroso
yen aku tresno
tak batin loro ati iki
ora oleh guna yen aku ngomong sliramu
amarga sliramu wes dadi duwek e wong liya
luh ku trus netes
yen kelingan sliramu
aku pengen nglalekne awakmu
tapi aku gag iso…
mesti trus kelingan sliramu
AKU TRESNO SLIRAMU SAK LAWASE…
Lurung anyar
BalasHapusWis wancine kowe mencaki lurung-lurung anyar,
Kutha sing mekar amarga ramene pasar,
Gang-gang buntu tumuju tembok watu,
Nglurung dharatan cengkar, lemah sangar.
Aku lan kowe winates ing pager,
Ditata rega, jaman semono tetep tak coba,
Ngrengkuh kabeh sing ketok neng mata,
Endahe sesawangan,
Nanging kabeh mung saderma sunggih warna.
Aku lan kowe mung bisa sesawangan saka kadohan,
Winates dalan sabrangan,
Tansaya ruwet karo wira-wirine tetumpakan.
UDAN WAYAH SORE
BalasHapusudan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
PETENGING WENGI
BalasHapussumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
Rikala aku sedih....
BalasHapussliramu ana ing sandingku
aku gak kepengen....
sliramu adoh saka aku
....................
Tumiaping angin ing sidharamping
BalasHapusNyawa tekaku ing papan iki
Rinenggut tresna ing njerone dhadha
Tampanana nda iki pancen nyata
Mrono mrene wira-wiri ora liya sing ngajak
Kanthi ya mung siji
Kaya ngene rasane
kang lagi lelumbang
Ngenani tresna ing atiku atimu
Watu andha wis dhak unggahi dhak liwati
Minangka tenger ati ngauji
Reruntungan napati mardi
Binarung gremicik suarane banyu
Gawe bungah rasa njroning ati
Mesem guyu sliramu mring aku
Tumetes waswa pralanda renaku.
IMPEN SARWA BISU
BalasHapusSliramu
mau bengi teka ing impenku
tanpa gunem tanpa esem
lungguh ing ngisor wit pelem
aku amung bisa nyawang saka kadohan
uga tanpa gunem tanpa esem
ana rasa rinujit ninggalake tatu
apa kapangku kudu tak bungkem
ana saktengahing petenging wengi
impen sarwa bisu
nggoda kapangku sing wis tak pendem jero
impen tanpa gunem tanpa esem ***